24/01/2013
Info :
Ubaloka yaiku singkatan saka Unit Bantuan Pertolongan Pramuka. Ancasé digawé Ubaloka yaiku kanggo ngembangaké matèri latihan kepramukaan kang ana sambung gayuhé karo usaha-usaha pitulungan sarta ningkataké ketrampilan lan kemampuanPramuka Penegak lan Pramuka Pandega. Unit bantuan iki wis duwèni anggota ing saben wilayah Jawa Tengah. Saben anggota ubaloka disangoni kawruh kang ana sambung gayuhe marang penanggulangan bencana kang diwènèhaké rikala Geladi Tangguh lan Geladi Mantab. Geladi Tangguh lan Geladi mantab yaiku sarat supayané bisa kelebu dadi anggota Ubaloka. Standar pengelolaan unit bantu kang pepak bisa dideleng ing Surat Keputusan Kwartir Daerah 11 Jawa Tengah Nomor 034 Tahun 2009 ngenani Petunjuk Penyelenggaraan Unit Bantu Pertolongan PramukaKwartir Daerah 11 Jawa Tengah. Peyelenggaraan penanggulangan bencana kapérang dadi telung tahap, yaiku:
1. Prabencana
2. Tanggap darurat, lan
3. Pasca bencana
Peran ubaloka isih akèh ngenani tahap kaloro yaiku tanggap darurat. Saèmper unit bantu, Ubaloka nglaksanaké koordinasi marang unsur kang ana sambung gayuhé ing penanggulangan bencana lan melu ngrewangi ngatasi kahanan darurat kang wujudé bantuan kemanusiaan marang masarakat kang kena bencana. Kanyata pengkajian kang cepet lan trep marang lokasi, kerusakan lan sumber daya; penyelamatan lan evakuasi masarakat kang kena bebaya; pemenuhan kebutuhan dasar; perlindungan tumrap klompok rentan; lan pemulihan. Nanging ora nutup kemungkinan Ubaloka arep menehi kontribusi kang luwih ing tahap prabencana rikala ora kedadéyan bencana utawa marang potènsi kedadéyan bebaya lan tahap pascabencana kaya rehabilitasi lan rekontruksi.
Gladi tangguh Ubaloka yaiku kegiatan kang dilaksanakaké tumrap anggota Pramuka kang disiapaké saèmper Tim SAR. Gladi tangguh iki duwéni tujuan kanggo menehi pembekalan tumrap anggota Pramuka Penegak lan pandega supaya bisa menehi pitulungan tumrap korban kecelakaan utawa bencana alam. Ing kegiatan iki peserta diwenehi pelatihan kang wujud teori lan praktik penanganan gawat darurat, SAR, kesamaptaan, survival, lan penjelajahan. Pelatihan tumrap anggota Ubaloka ora namung dilakoni rikala Gladi tangguh, nanging isih ana wuwuhan teori lan pemantapan saben latihan. Kalulusan peserta dideleng saka keaktifan, kedisiplinan lan critera liyane kang ditemtokaké Basarnas. Saben peserta kang melu pelatihan lan dinyatakake lulus bakal olih brevet. Sawise mèlu Gladi tangguh peserta bisa melu pelatihan ing jenjang sabanjuré yaiku Gladi Mantap lan Gladi Posko kang dianakaké Kwartir Daerah Jawa Tengah.
"Yuana Pratidina Bhakti Yojana "
(Ayo beriap2 kegiatan ini di bulan Februari-Maret 2013)